LAPORAN KEGIATAN PENGAMATAN UPACARA TINGKEBAN
BABAGAN 1
PAMBUKA
A.
Landasan Penelitian
Ing tradisi Jawa, mitoni awujud rangkaian upacara adat
kang tekan saiki isih dilakoni nang sebagian masyarakat Jawa.
Upacara mitoni sawijining adat kebiasaan utawa sawijining upacara kang dilakoni
ing sasi ke-7 nalika ana salah sijining wanita meteng. Kanthi pangarep arep
supaya si jabang bayi kang ono kandungane ibu lan ibu kang ngandet tansah
pinaringan keslametan.Tata upacara kang ditindaake nalika ngandet, yaiku
siraman, nglebokna endhog ayam kampung menyang njero kain calon ibu sing
dilakoake bojone, ganti busana, nglebokna kelapa gading enom, nugel
lawe/lilitan benang/janur, mecahke periuk lan gayung, nginum jamu sorongan,lan
nyolong endhog, cekake yaiku upacara mitoni kang dipercaya kanggo sarana ngilangake
petaka/bebaya/mala, yaiku nuduhake menawa upacara-upacara kuwi mujudake
penghayatan bagian-bagian kepercayaan lami. Kejaba kuwi, kalebu adat
istiadat kang dilestarikake secara turun temurun nang sawijining kelompok
sosial.
Mitoni ora bisa dilakoni sewayah-wayah, biasane milih dina kang
dianggep becik kanggo nganaake upacara mitoni. Dina kang apik kanggo upacara
mitoni yaiku dina Selasa (Senin awan tekan wengi) utawa Sebtu (Jumat awan tekan
wengi) lan dianaake ing wektu siang utawa sore. Kanggo papan panggonane upacara
biasane dipilih ing pasren, yaiku senthong tengah. Amarga masyarakat saiki ora
duwe senthong, mula upacara mitoni biasane dilakoake ono ing ruang keluarga
utawa ruang kang amba kang cukup kanggo nganaake upacara.
B. ANCASE
PENELITIAN
1.
Ngerteni asal-muasal tingkeban
2.
Ngerteni uborampe kanggo tingkeban.
3.
Ngerteni urutaning acara tingkeban.
C.
GUNA MUMPANGATE PANALITEN
1.
Gawe ungkapan rasa syukur marang Gusti
2.
Nyuwun dunga marang gusti kanggo
keselamatan sak suwene nalika ngandhut.
3.
Nyuwun dunga marang gusti kanggo
keselamatan nalika lairan.
4.
Nyuwun dunga supaya anak ingkang lahir
dados anak ingkang berbakti.
BABAGAN II
WOSING ISI
A.
Pangerten Tingkeban
Upacara
tingkeban dipun tindakaken manawi kandhutanipun priyantun estri, umuri sing di
kandhut wis pitung sasi. Upacara tingkeban iku salah sijine tradisi masarakat Jawa.
B. Ancas Para Warga Masarakat Nindakake
Upacara Tingkeban
Ancase yaiku nyuwun dungo marang Gusti
supaya jabang bayi lan ibu slamet anggene ngandut nganti lairan. Sakliyane iku,
kanggo nglestarekake budaya leluhur.
C.
Paraga Sing Nindaake Upacara Tingkeban Lan Sing Rawuh
Sing
nindakake tingkepan yaiku temanten kalih (ibu ingkang ngandut lan garwane).
Nanging ning acara tingkepan iki uga diiwangi karo bapa biyung saking temanten
kalih. Uga kalih tiyang ingkang sepuh (dukun bayi) ingkang nuntun acara
tingkepan supaya acaranipun lancar ngantos bar. Sak durunge acara tingkepan,
ana acara genduren sing diewangi lan ditekani dening dulur-dulur lan masyarakat
sekitar.
D.
Piranti Lan Uborampe Kanggo Tingkepan
(Alat & Bahan)
Piranti lan umbarampe ingkang digunakake ning acara tingkepan yaiku :
1.
Tumpeng (berkat)
Digunakake kanggo acara
genduren sing ngundang warga sekitar lan dulur e. Isinipun berkat biasane sego,
iwak pitik, jangan lombok kalian mie. Tumpenge iki tingkat pitu sing ana ning
ujunge.
2.
Kendi
Kanggo nyirami temanten (wong sing
ditengkepi) ing pungkasane acara iki, isine sego rogoh yaiku sego berkat.
3.
Jarik
Jarik sing digae dening temanten ingkang
ditingkepi. Digunakake ing acara siraman.
4.
Kembang 7 warna
Kembang iki digunakake ing acara siramane
wong sing ditingkepi. Jenise ana mawar, cempaka, kenanga, melati, sedap malem,
lan melati gambir. Kembang iki dicampur dadi siji karo banyu ing genthong.
5.
Klopo enom
Kelopo iki digambari wayang
6.
Kembang jambe
Digae ngupyuk-ngupyuk ning
sirahe temanten
7.
Rujak
Digawe saka timun, jeruk, blimbing,
gedhang watu lan sak liya-liyanipun. Rujak iki nggambarake supaya bayi ingkang
badhe lahir iki saget ngeramekake keluarganipun. Rujak iki diwehne langsung ing
tonggo sekitar.
8.
Jajanan pasar
Jajan iki biasa ne kanggo nglengkapi tumpengan
(berkat) sing badhe ne di wenehno ing masyarat. Jajan iki iso gawe dewe lan
jenis e bebas lan ora ditentokake.
9.
Keleman
Keleman iki wujude uga ubi-ubian (tela,
ganyang, mbote, jalar, lan saliyane), kanggo nglengkapi berkat kang arep
diwehne ing masyarakat.
10.
Dawet
Dawet iki uga kangge pelengkap acara
tingkepan.
11. Jebor
Saka krambil
12. Keris
Digawe temanten
lanang sing mengko digawe medhot tali
13. Tali lawe
Ditalekake ning
madharane ibu sing ngandhut
14. Takir
saka godhong gedhang
digawe adahe jenang sengkolo
15. Pola kependem
Telo,lsp
16. Kembang setaman
Ning kene kembange
bebas
17. Krambil
Digambari wayang
kumowojoyo(lanang) lan wayang
patih (wadon)
18. Waluh
Gawe kondangan arupa
buah
19. Jenang procot
Jenang sing dicampur
gedhang, jenang beras.
E. Tata Cara Nindhaake
Upacara Mitoni
1.
Siraman
Diwiwiti para sesepuh ingkang cacahipun pitu, kaleb bapa lan ibu saking ibu
ingkang nembe ngandhut. Luwih becik ingkang nyirami inggih punika tiyang sepuh
ingkang sampun gadhah wayah.
2.
Nglebetaken tigan ayam
Sakwise upacara siraman, dipunlajengaken upacara nglebetaken tigan ayam
kampung wonten ing kain calon sang ibu déning sang garwa saking padharanipun
ngantos pecah. Punika minangka simbol saha nyuwun supados bayi ingkang badhé
dipunlairaken saged lair kanthi gampil tanpa alangan satunggal punapa.
Padatanipun, bilih priyantun èstri ingkang nembé ngandhut sapisanan nglairaken
kathah godhanipun. Awit saking punika, prelu ndedonga kaslametan, mliginipun
ing wekdal pitung sasi.
3.
Ganti wusana
Salajengipun inggih punika gantos busana kaping pitu dipunrangkepi kain
pethak. Kain pethak kala wau dados dhasaring busana ingkang kaping pisan
minangka pralambang bilih bayi ingkang badhe dipunlairaken inggih suci saha
badhe pikantuk rahamat saking Allah.
4.
Medot benang lawe
Sasampunipun ingkang calon ibu ngagem kain pethak kaping pitu
gantos-gantosan, lajeng dipunadani adicara medhot lawe ingkang dipunubengaken
ing padharanipun calon ibu. Dene ingkang medhot benang lawe punika inggih calon
bapanipun kanthi ancas supados bayi ing kandhutan samangke saged lair kanthi
gampil.
5.
Gendhong kelapa gading
Manawi lawe sampun dipunpedhot, mila calon simbah putri saking pihak calon
ibu, nggèndhong klapa gadhing dipunkancani déning ibu
bèsan. Nanging sadéréngipun, klapa gadhing kala wau dipunlebataken wonten ing
kain ingkang dipunagem calon ibu saking nginggil liwat padharan dumugi
ngandhap, lajeng dipuntampani déning calon simbah putrinipun. Ancas saking
upacara punika inggih supados samangkè bayi ingkang dipunkandhut saged lair
kanthi gampil tanpa rubeda satunggal punapa.
6.
Mecah kelapa gading
Rerangkening adicara ingkang salajengipun inggih calon bapa mecah klapa
gadhing kasebat kanthi sadéréngipun milih satunggal saking kalih klapa ingkang
sampun dipugambari Kamajaya saha Dewi Ratih utawi Arjuna kaliyan
Wara Sumbadra utawi Srikandhi. Klapa kalih kala wau dipunwalik supados ingkang
bapa boten saged ningali gambaripun kala wau. Manawi klapa ingkang dipungepuk
kaliyan ingkang bapa ingkang gambaripun Kamajaya mila bayinipun badhé lair
kakung, saha kosok walikipun bilih ingkang dipungepuk gambar Dewi Ratih, mila
bayinipun éstri. (Punika namung ingkang dipunkaremaken kemawon, déréng mesti
dados kasunyatan). Nanging, bilih kita nyuwun kanthi saéstu dhumateng Gusti
Ingkang Maha Kuwaos, mila punapa ingkang dipungayuhaken saged kabul.
7.
Milih sega
Sakwise upacara siraman banjur upacara milih sega sing mapan wonten ing
takiripun ingkang garwa. Lajeng dipunlajengaken upacara dodol dhawet saha
rujak. Anggenipun bayar dodolan nganggo logam ingkang kadamel saking remukan
gentheng ingkang dipunbentuk bunder,
wujud yatra logam punika. Asilipun dodolan dipunkempalaken lajeng
dipunlebetaken kuali ingkang dipundamel saking lempung. Kwali ingkang
sampun dipunisi kaliyan kreweng kala wau lajeng dipungepuk wonten ing ngajeng
lawang. Upacara punika minangka simbol supados bayi ingkang dipunlairaken
samangkè pikantuk kathah rejeki, saged kanggé nyekapi gesangipun kulawarganipun
saéngga saged ngamal ingkang kathah.
BAB III
DUDUTAN
LAN PANYARUWE
Dudutan
Acara tingepan iku salah siji acara saking leluhur kita. Acara iki
dilakokake dening ibu ingkang ngandut 7 ulan. Tatacara lan paraga wes kasebut
ing dhuwur. Ing jaman saiki, kita kudu tetep nglestarekake acara iki supaya ora
sirna kegerus jaman.
acara tingkeban diadakake kanggo njaluk pandungo marang Gusti Allah supaya
bisa proses ngelahirake lancar lan putra sing lahir dadi wong kang becik
perilakune.
Panyaruwe
Gawe pelengkap, panulis ngewehi saran
yen kita kudu luwih nglestarekake budaya jawi iki yaiku tingkeban amarga
tingkeban ing jaman saiki wus jarang ditemokake.
Komentar
Posting Komentar