DUGDERAN ING SEMARANG

Dugderan ing Semarang Dugderan kuwi saka tembung Bedug lan Der, der.. saka suara meriam. Dugderan yaiku salah siji budaya utawa tradisi sing ana ing Semarang. Tradisi sing wis turun temurun mau nduweni makna lan tujuan sing ora adoh saka agama Islam, yaiku kanggo pratandha wulan Ramadhan arep wiwit tanggal pira. Biasane tradisi dugderan dilakokake seminggu sedurunge wulan Ramadhan, lan puncak adicarane sedina sedurunge pasa. Jaman biyen sing nganakake dugderan yaiku Bupati Aryo Purbaningrat. Piyambake gawe tradisi kuwi kanggo ngandhani yen wulan pasa arep teka. Kawiwitan tahun 1881 dugderan mulai ana ing Semarang, adicara kuwi dilakokake kanthi ana arak-arakan bedug sing dikawal karo prajurit Kadipaten Semarang. Pusat adicara iki ana ing Masjid Besar Kauman yang ada di Johar Semarang. Ing jaman saiki dugderan ora mung dianakake utawa dipusatke ana ing Masjid Kauman, nanging ing Masjid Agung Jawa Tengah uga ana. Pemerintah gawe kebijakan kuwi amarga ing dugderan akeh wong sing dodolan. Sing di dol ana ing dugderan uga akeh, ana cenderamata, dolanan tradisional, panganan, uga ana klambi. Prosesi Dugderan kaperang dadi 3 prastawa utama 1. Pasar malam dugder Seminggu sadurunge tekane sasi Ramadhan, dienekake pasar malem ing Pasar Johar utawa sekitar Mesjid Besar Kauman. Anane pasar malem digawe panggon wong wong guyon, lan bisa narik wisatawan. Ing kene uga akeh bakul sing adol panganan, sandhangan, lan dolanan. 2. Prosesi ritual pengumuman wiwitane pasa Sedina saurunge Ramadhan, biasane dimulai tabuh 15.00, walikota lan garwane sarta rombongan mlampah saka Balaikota tumuju Mesjid Besar Kauman. Yen wis teka, banjur para Ulama lan Habaib sing wis musyawarah rembugan perkara nemtokake wiwite wulan Ramadhan menehake keputusane ing salembar kertas (sukuf holakoh) sing bakale diwacakake dening Walikota. Yen wis diwacakake, banjur ana dunga bareng lan ditutuke bedug Mesjid Besar Kauman lan swara meriam minangka tanda wiwite Dugderan 3. Kirab budaya warak ngendhog Ana maskot saka Semarang, Warak Ngendhog. Warak ngendhog yaiku kewan khayal sing dadi maskot Semarang, maskot mau nduweni teges yen ana ing Semarang kuwi ana akulturasi budaya. Ana budaya Jawa, China, lan Arab, budaya mau dadi siji ana ing Semarang. Dugderan dipungkasi dening acara kirab budaya, biasane pesertane yaiku Pasukan Merah Putih, Prajurit, Kreta kencana, Drumband, Barongsai, Rombongan bendi sing isine camat lan para pimpinan, rombongan sepedha onthel. Mobil hias, lan rombongan kesenian tradisional Amanat Wulan Ramadhan iku wulan sing mulya, mula kita kudu bungah ing tumekane wulan ramadhan iki amarga durung mesthi yen tahun ngarep kita isih bisa nemoni wulan ramadhan iki. Sakliyane iku, kita nyadari yen toleransi iku penting. Contone ana ing babagan perbedaan budaya. Budaya beda-beda yen didadekake siji malah bisa ngasilake budaya sing luwih apik. Lan guyub rukun iku penting ana ing urip padinan supaya kegiatan sosial bisa mlaku lancar.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

LAPORAN PRAKTIKUM BIOLOGI STRUKTUR JARINGAN PADA TUMBUHAN

PROPOSAL KERAJINAN TAS DARI TALI KUR

LAPORAN PENELITIAN KAPASITAS PARU-PARU PADA MANUSIA